NYIDAM SARI
Umpomo sliramu sekar melati
Aku kumbang nyidam sari
Umpomo sliramu margi wong manis
Aku kang bakal ngliwati
Sineksen lintange luku semono
Janji prasetyaning ati
Tansah kumantil ning netro rinoso
Keroso rasaning driyo
Midero sak jagad royo
Kalingono wukir lan samodro
Ora ilang memanse aduh
Dadi ati sak lawase
Nalikaning rohing dalu atiku
Lan nglamun siro wong ayu
Nganti mati ora bakal lali
Lha kae lintange mlaku
(kl-4/09xi25)